Aku bukan Kamu

Aku adalah Aku
Aku Dedikasikan Untuk
Semua yang tahu Aku
Semua yang mengerti Aku
Semua yang percaya Aku
Dan Semua yang butuh Aku
Semua tentang Aku
Bukan Dia, Kamu, Kalian, ataupun Mereka
tapi hanya Aku
Seorang...
Sendiri...
tanpa siapapun...
tanpa Dia, Kamu, Kalian ataupun Mereka
Itulah Aku yang adalah Aku

Thursday, February 19, 2009

Pênanggalan Jåwå (Båså Jåwå)


Pênanggalan Jåwå
Étungan ing pênanggalan Jåwå luwíh rumít lan pêpak bangêt mênåwå dibandhingaké karo pênanggalan liyané.
Pêpaké étungan mbúktèkaké sêtitiné Jåwå anggóné ngamati kahanan sêmèsta lan pêngaruhé ånå ing bumi sartå pêngaruhé marang kahanan uríp lan panguripané manungså.
Pêpaké étungan tåtå pênanggalan Jåwå bisa diatúraké, mangkéné:

1. Pasaran (Påncåwårå) : étungan dinå cacah 5 (limå) :
1.1. Kliwón (Kasih),
1.2. Lêgi (Manis),
1.3. Pahíng (Jênar),
1.4. Pón (Palgunå),
1.5. Wagé (Cêmêngan, Krêsnå, Langkíng).
2. Paringkêlan (Sadwårå) : étungan dinå cacah 6 (ênêm) :
2.1. Tunglé,
2.2. Aryang,
2.3. Warukúng,
2.4. Paningrón,
2.5. Uwas,
2.6. Mawulu.
3. Padinan (Saptåwårå) : étungan dinå cacah 7 (pitu) :
3.1. Ahad utåwå Minggu (Dhité, Radhité, Radhityå),
3.2. Sênèn (Somå),
3.3. Sêlåså (Anggårå),
3.4. Rêbo (Budhå),
3.5. Kêmís (Rèspati, Wrahaspati),
3.6. Jêmuwah (Sukrå),
3.7. Saptu (Tumpak, Saniscårå).
4. Padéwan (Haståwårå) : étungan dinå cacah 8 (wolu):
4.1. Sri,
4.2. Indrå,
4.3. Guru,
4.4. Yåmå,
4.5. Rudrå,
4.6. Bråmå,
4.7. Kålå,
4.8. Umå.
5. Padangón (Nåwåwårå) : étungan dinå cacah 9 (sångå) :
5.1 Dangu,
5.2. Jagúr,
5.3. Gigís,
5.4. Kérangan,
5.5. Nohan,
5.6. Wogan,
5.7. Tulús,
5.8. Wurúng,
5.9. Dadi.
6. Wuku (minggu) ånå 30 (têlúng pulúh) :
Sintå, Landhêp, Wukír, Kuranthil, Tolu, Gumbrêg, Warigalít,
Warigagúng, Julúngwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkír,
Måndhåsiyå, Julúngpujúd, Pahang, Kuruwêlút, Marakèh, Tambír,
Madhangkungan, Maktal, Wuyé, Manahíl, Prangbakat, Bålå, Wugu,
Wayang, Kulawu, Dhukút, Watugunúng.
7. Sasi ånå 12 (rolas) :
Surå, Sapar, Mulúd, Bakdåmulúd, Jumadilawal, Jumadilakir, Rêjêb,
Ruwah, Påså, Sawal, Dulkaidah, Bêsar.
8. Tahun ånå 8 (wolu) :
Alip, Éhé, Jimawal, Jé, Dal, Bé, Wawu, Jimakír.
9. Windu (umúr 8 tahun) cacahé ånå 4 (papat) :
9.1. Windu Adi (Linuwíh),
9.2. Windu Kuntårå (UIah),
9.3. Windu Sêngårå (Panjír), lan
9.4. Windu Sancåyå (Sarawungan).
Lakuníng Windu saubêngan ånå 32 taún.
10. Lambang (umúr 8 tahún) cacahé ånå 2.
Jênêngé urút jênêngé Wuku manut tumibané tanggal 1 Surå taun Alip
ånå ing dinå kang klêbu ing Wuku síng kanggo jênêng.
Lakuníng Lambang saubêngan ana 16 taun.
11. Kurup (umur 15 windu = 120 tahún).
Jênêngé Kurúp ånå (7) pitu, manút tibané dinå tanggal 1 Sura taun
Alip : Tibå dinå :
11.1. Jêmuwah - Jamngiyah,
11.2. Kêmís- Kamsiyah,
11.3. Rêbo - Arbangiyah,
11.4. Sêlåså - Salasiyah,
11.5. Sênèn - Isnaniyah,
11.6 Akad - Akadiyah, lan
11.7 Sabtu - Sabtiyah.
12. Mångså (sasi manút Suryåsangkålå, Tahún Såkå) :
12.1. Kåså = Karttikå,
12.2. Karo = Puså,
12.3. Katêlu = Manggasri,
12.4. Kapat = Citrå,
12.5. Kalimå = Månggåkålå,
12.6. Kanêm = Nåyå,
12.7. Kapitu = Palgunå,
12.8. Kawolu = Wisåkå,
12.9. Kasångå = Jitå,
12.10. Kasapulúh = Srawånå,
12.11. Dhastå (Kasêwêlas) = Pådråwånå,
12.12. Såddhå (Karolas) = Asuji
Sumbêr : Yayasan Sêkarjagad


0 comments: